Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Munggut, Kelakuan Seru Warga Sidoarjo

 

 

Artikel Sayang Kalau dibuang, SUDAH Saya kirim ke Mojok, Tetapi ditolak. 

Cek koyok emak-emak cerewet, aku ceritaake suatu kisah mancing seng heboh.

Akhir-akhir iki aku ngeroso resah ambek kejadian seng onok nduk daerah omahku. Wong nek urep nduk daerah Sidoarjo, pasti weruh kenampakan alam rupo kali. Daerah Sidoarjo ancen panggonane banyu, lan kali, dadi masalah banyu gak onok seng kuatir kantean. Tapi seng dadi masalah nang daerah iki, lah koyok nang Jakarta, nah nek onok kali, biasane kali kadang resik kadang rusuh. Nek nang panggonanku tinggal, rodok rusuh ambek kadang limbah e pabrik diguak nang kono.

Seng nggawe resah yo iku kuwi, duduk jumlah banyune, tapi limbahe pabrik akhir-akhir iki diguak nang kali. Koyok e seh aku tok seng resah. Mergo, wong-wong seng tinggal ndek daerahku malah mudal. Aku tinggal nang daerah Sidoarjo Krembangan Taman. Pas waktu munggut iki, onok seng mek ndelok tok, onok yo an seng melok golek. Golek opo? Yo iwak lah. Gara-gara limbah, iwak-iwak podo ngantang nang ndukur banyu kali, nek dipadakno uwong, iwak iku koyok o mabuk. Sirah e ngelu, terus gak kuat nang njero kali bagian ndisor. Iku seng diarani munggut. Nah iki ngunu kesempatan e wong Sidoarjo, opo maneh omah e idek karo nggon kali seng kenek limbah. Aku resah, warga bungah.

Lah yo seru ne opo nek ngene? Kedadian iki ora onok bendino. Tapi, minggu-minggu wingi munggut e onok bolak-balik. Dadine warga poleh jejer-jejer ndelok munggutan. Wingi, wingi winginane maneh, terus minggu wingi yo munggut. Embuh lah sampek pegel ngitungi. Seng pasti gara-gara munggut iwak e podo ilang kabeh, gara-gara mati lan digowo wong-wong seng podo ndelek iwak pas iwak e ngantang. Polahe onok munggut seng bolak-balik, sampek-sampek ndek omah e wong-wong podo disediani alat gawe ndelek iwak. Alat opo wae iku? Onok seng nggawe jaring gede, nek kiro-kiro akeh iwak e seng podo mabuk, langsung dijaring. Nek rezekine akeh, iwak e oleh akeh. Onok seng gawe tulup. Tulup iku rupane tongkat tapi onok wesi luncupe nduk pojok e. Gunane gawe nyoblos iwak seng munggah nang ndukur. Iwak munggah berarti mabuk lan lemes, nek ditulup gak isok ngalesi. Terus onok maneh seng nggawe serok gede. Serok e iku dikei kayu gawe nggayuk iwak. Dadine gak atek nyebur langsung diserok pas iwak e ngantang. Onok maneh seng terakhir gawe setrum iwak. Alat iki ngunu berbahaya, gawe iwak e, polae wes mabuk terus kenek setrum tambah mabuk, dadine tambah ngurangi populasi. Yo bahaya gawe menungso, seng nggolek utowo seng ndelok nek gak ati-ati isok kesetrum.

Pas kejadian munggutan iki pas gak sepiro akeh, polae wes munggutan terus. Suatu dino, zamane aku jek ngelesi arek sekolah, sekitaran enam bulan winginane, onok munggutan gede-gedean, akeh uwong podo seneng. Sampek onok seng bolos kerjo nang tempat kerjoane (kerjo nang pabrik), onok seng gak gelem ngaji. Seng nggolek ternyata gak uwong gede tok, arek cilik pun gak gelem ketinggalan. Wong kabeh iki seneng soale iwak e isok dimasak dewe utowo didol nang pasar. Lah oleh sak piro kok isok didol nang pasar? Jelas akeh nek pancen niat nggolek. Onok panggonan seng dinğgoni ngumpul iwak, mek kari nyerok tok.

Baca Juga Franchise Minuman Surabaya, Bebas Biaya Royalti

Baca Juga Franchise Dimsum Surabaya, Dimsum Mbledos

Iwak e iku gede-gede, onok seng sak pupu, onok seng sak lima deriji, onok seng cilik. Iwak e yo macem-macem, embuh Bader, Mujair, Welut, Pathin, sampek iwak Pisau seng langka. Urang Kalli yo onok, Yuyu yo podo munggah. Jarene seh seng wis pengalaman ndelok munggutan, tanda-tanda e iwak seng kuat nek kenek limbah ternyata munggah, berarti limbah e racun e kuat, yo iku sampek nyebabno munggut. Iwak opo wae iku? Iwak Welut, Yuyu, Mujaer, Pathin. Nek wes ketok welut munggah atau yuyu, wong-wong wes podo siap-siap. Munggut iku gak nentukno waktu. Roto-roto se isuk wes mulai munggut, terus engkok awan sekitaran dhuhur iku puncak e munggut. Tapi kadang yo munggut dalu, isok-isok munggut dalu tapi gak konangan.

 

Saking serune kejadian munggut, kabeh kalangan seneng cerito oleh e ndelek iwak munggutan. Iki ceritane arek seng belajar nang omahku, winginane arek e pas ndelok wong seng sek sibuk nggolek iwak pas munggut, pas waktu iku seng nggolek bibik e dewe. Pas bibik e sek nangkap iwak gede, bibike ngongkon nulungi, mergo kuwalahan nyekel. Lah yo, iwak nduk kali diceburi, dicekel ambek tangan pisan. Tapi bener se, anak didikku tambah melok nggolek, gak atek nggowo alat. Oleh Iwak Mujaer gede, ambek Iwak Pathin. Terus dimasak dewe.

Cerito iki iso digawe uwong-uwong kenangan, kangge anak turune sesok. Seng pasti, saking berkesane, soale oleh iwak gedhe-gedhe.

Nggawe tangan ae oleh gede-gede lan akeh. Opo maneh nggawe setruman. Tambah akeh lan tambah ngerusak, hehe. Yo tambah ngentekno iwak nang kali. Isok dibayangno yo, iwak nduk kali pancen akeh, pancen anane onok iwak iku digawe pangane menungso, tapi ora iso njogo populasine, bakal rusak lan ora isok nyumber maneh. Pas waktu munggutane wes entek, wong-wong podo sibuk nggowo iwak hasil delek ane. Onok seng nggowo sampek rong sak, sak e beras. Onok seng sak sak. Onok seng telung kresek. Bapak morotuwoku ambek bojoku nggowo sak kresek bek.

Bapakku ambek bojoku wae wes nggowo akeh, tapi sek onok lebih akehan maneh. Nek sampek pirang-pirang sak, gak bakal ngantekno nek diolah dewe nduk omah. Pastine tujuane didol nang pasar. Iwak hasil munggutan iku wes gak seger, gak koyok iwak seng gak kenek limbah. Aku wes ngerasakno dewe. Tapi nek langsung diolah, iwak e sek gak masalah. Nek iwak e sampek telung sak, harus langsung didol. Ben gak cepet bosok. Onok uwong wedok yo ketok ngadol iwak nang pengger dalan, iwak e akeh, sampek pirang-pirang sak. Palingo iku oleh munggutan.

Seng tak mirisno asline gak polah e oleh iwak e terus isok digawe iwak nduk omah. Seng tak mirisno iku iwak sakmunu akeh e mati kabeh, kenek limbah. Nek wes kenek limbah kan gak iwak seng wes tuwek tok seng ilang, iwak cilik-cilik bibite pun podo mati. Wong-wong se seneng, soale isok nyenengno wong wedok nduk omah digawe panganan. Tapi iwak nang kali, wes gak stabil. Terus kejadiane sering pisan. Mugo-mugo wae onok wong seng isok nduweni kesadaran nek munggut iku asline kurang apik, terus onok seng nindak, ben diatasi pemerintah. Nduk daerahku pabrike onok akeh, dadi gak ngerti pabrik endi seng ngguwak limbah. Mugo-mugo tulisan iki onok manfaate, wes sakmene tok yo rek.







































Nur Chafshoh Sa'idah
Nur Chafshoh Sa'idah Ibu dengan 2 anak, domisili Sidoarjo Jatim. Lulus KPI UINSA Surabaya tahun 2017, wanita kelahiran Gresik 1994 ini mulai bergelut dengan literasi sejak 2013, menjadi Content Writer sejak 2019, Karya buku di antaranya Manuskrip 70 Tahun Indonesia Merdeka (2016) sebuah antologi puisi, Villain (2021) novel Fantasi garapan duet, Kumpulan Cerita Anak Cerdik (2021) bersama Elfamediatama, Parenting Bala-Bala 1 Minggu 1 Cerita Bukan Resep Pengasuhan Abal-Abal (2021) karya non fiksi bareng para blogger, kunjungi rumah literasinya alfattahparenting.com dan nurchabisnis.com, perempuanberkarya.com, membuka Jasa Penulis Pena Alfattah. IG: @nurchafshoh FB: Pena Alfattah Twitter: @nurchafshoh

Posting Komentar untuk "Munggut, Kelakuan Seru Warga Sidoarjo"